- Pembukaan: Mungguh karepe kang nganggit layang iki mligi kangge wewacane sedulur lan anak putu dewe kang wis pada tuwuh kaelingane yen manungsa iku sugiha, luhura, mulyaa dikaya ngapa, kala-kala nandang susah, ruwet renteng, peting atine, sarta wekasane uga bisa lara sarta temahane mesti bakal mati….. pada bae karo kang miskin, asor, sangsara kahanane.
Samangsa wis duwe kaelingan mangkono, pantes-pantese nuli tuwuh pangraotane mangkene ??
“Apa tegese mati ? Jare-jarene ana wong mati sampurna, ana maneh kang kesasar, iku tegese kepriye ? Lan sapa kang wis tau nglakoni utuwa suMoerup marang pati rong warna mau ? Asalku iki mau-maune saka ngendi ?? Yen wis mati, jare….. bali marang asal; iku parane marang endi ?”
Mangkono sapanunggalane, mbanjur warna-warna tuwuhing gagasan mau. Mung bae, kang akeh-akeh, putusaning gagasan mau mangkene ; Angger wong, sanajan bocaha cilik pisa, iya bisa mati. Sapa weruh ing mbesuk ? Kang perlu rak saiki, ……. Watos wis sugih duwit, mangan wareg, nyandang sarwa gumebyar, seneng uripe, kang digoleki apa maneh ? Gunane apa mikir kang angel-angel ? Seneng saiki, iya seneng mbesuk !!!!
Kang nduweni panemu mangkono mau iya bener. Nanging sarehne jagad iki jembar, iya meksa ana bae kang nduweni pamikir liya, ngudi sinau marang sabarang prakara, kang tumrap ing liyan dianggep tanpa guna utawa onzin mau.**
Mungguh kang ngarang layang iki babar pisan dudu sawijining wong kang putus ing kawruh, malah isih nyamut-nyamut banget. Sarehne pancen dudu sawijining wong ahli sastra, dadi tembunge ora urut, ikatane ukara ora runtut, surasane galap gangsul. Mula kitab iki ora mungguh upama kawaca dening para kang wis luhur kawruhe.
Upama ana wong kang nggeguyu utawa nacad marang remehing layang iki, sadulur lan anak putu aja pada gela, jalaran….. kajaba pancen satemene remeh, wong ngeguyu utawa nacad iku ora susah sekolah, wis bisa oleh diploma. Lan maneg elinga, yen manungsa iku lumrahe lumuh kasoran ……. Mulane mangkono, amarga saka tresnane marang awake dewe.
Cukup semene bae katerangane.
Pak Poeh
******************************************************************************
I. AWAK WADAG (JASMANI).
Mungguh awak wadag iku mung minangka dadi batur-bekakas-kurungan (gedongan) bae. Dene kang nduweni, yaiku Angen-angen.
a. Nyatane yen dadi BATUR (abdi) :
sakdurunge kowe menyang lungan menyang toko, Angen-angen mau wis prentah disik. Sakdurunge tangamu kumlawe nyandak barang kang kok anyang Angen-angen mau wis kongkon disik. Tetela yen kang katindakake dening wadag iku mung miturut saparentahe Angen-angen, mulane si wadag tetep aran batur, dene si Angen-angen iku Bendarane, malah saweneh ana kang anganggep Pangerane utawa Allahe.
b. Tandane yen dadi BEKAKAS.
Yen kowe pinuju turu kepati, mripatmu dijénjéng karo dituduhi apa kesenenganmu, upama déndéng bakaran, kacedakake ing irungmu, karo diclatoni mangkene : “Iku lho déndéng bakaran kesenenganmu!!”, nanging kowe angler bae. Iku pratanda yen : mripatmu dijénjéng ….. ora bisa krasa.
Nalika dilékake iku ….. ora bisa ndeleng.
Irungmu dicedaki déndéng ….. ora bisa ngambu.
Kupingmu sibisiki …… ora bisa ngrungokake.
Cangkemmu nalika diajak guneman ….. ora bisa mangsuli utawa ngucap apa-apa.
Awakmu dioyog-oyog, lan nalika iku cangkem pinuju mlongo, déndéng ditumpangake ing ilatmu, ora krasa apa-apa. (Nanging bareng uyahe mrasuk, ilatmu mbanjur ngameti).
Saiki tetela yen :
Dudu awak lan ilat kang ngrasakake kapenak lan enak, nanging Angen-angen.
Dudu mripat kang ndeleng nanging Angen-angen.
Dudu irung kang ngambu nanging Angen-angen.
Dudu kuping kang ngrungokake nanging Angen-angen.
Dudu cangkem kang ngucap nanging Angen-angen.
Yen mangkono genah yen wadag iki dadi bekakas.
c. Tetela yen dadi kurungan (gedongan).
Uripe si Wadag mung ing sawatara mangsa. Yen wis dioncati dening Angen-angen lan ora bakal kanggo maneh, mbanjur gumlundung tanpa daya, mangkono iku lumrahe diarani mati, sakbanjure dipendem, diobong, dilarung, utawa disetrakake, miturut caraning agamane dewe-dewe.
Yen mangkono si Wadag tetep aran kurungan utawa kena diumpakake gedongan.
Si Wadag nduweni : Urip-rasa (rasaning panggrayang lan rasaning ilat). Panguwasa (daya kekuwatan kanggo angkat junjung) karep lan watak, kayata : seneng mangan, turu, keséd, rikat, nglemer.
Dene urip-rasa lang panguwasane si wadag iku kawengku Angen-angen. ###
Sarehne terang yen siwadag iku mung dadi batur, bekakas utawa kurungan bae, dadi apa siwadag iku kang aran manungsane ? Lan apa uripe si wadag iku kang aran Pangerane utawa Allah ?
Si Wadag duwe kembaran wujud badan kang alus, yaiku badan Rabani (latief). Mulane diarani kembaran, awit wujude jibles, plek karo si wadag iki.
Badan Rabani minangka lim utawa ancure badan wadag. Yen badan Rabani ocat, ora bali marang badan Jasmani maneh, si wadag mbanjur mati, wasana bosok, nggégrégi, marga wis ora ana lim utawa ancure maneh. ###
Yen turu, ngimpi, manungsa sejati oncat saka wadag nganggo badan Angen-angen dene Rabanine isih kari ing badan wadag mau.
Dene yen mati, manungsa sejatine oncat saka ing wadag, nanging si Rabani digawa pisan sarta tumuli diculake, ora bali marang wadag maneh. ###
II. ANGEN-ANGEN.
ING kene diarani angen-angen iku racutane : cipta – grenjet – krenteg – nyut – karep – gagasan – pikiran – nafsu – pepinginan – pengenam – enam –panyana lan sapanunggalane.
Senajan si angen-angen iku wis kawilang bendara sarta gede daya panguwasane, nanging iku satemene isih uga dadi sawijining bekakas pawakan – utawa gampange kena diarani tunggangan bae ….. dene kang nunggangi, yaiku manungsa sejatine, ….. angen-angen iku owah gingsir, sadela mangkene, sadela mangkono, …… ana kalane padang – bening – tentrem, terkadang peteng ruwed renteng – angkara – Moerka lan sapanunggalane.
Angen-angen yen pinuju lerem iku upamane jaran ….. tutut, miturut sakarepe sing nunggang. Yen jarane meh ajeg tutute, kang nunggang lumrahe diarani wong kang becik.
Angen-angen yen pinuju tuwuh angkara Moerka lan tegan mentalane, upama jaran ……. Mbedal-larat-nasak-nasak ora nurut kaot bodo lan pintere nyekel lis utawa apus bae kanggo ngereh jarane.
Supaya kang nunggang tumuli tekan ing papan kang sineja, kudu tlaten sinaune nyekel lis, sarta meksa marang jarane Moerih bisa tutut (nurut).
Dene yen jarane dasar wis nurut, kang nunggang mung kari milih dalan kang kapenak lan cedak dewe bae.
Ya bener si jaran wis nggawa watek dewe, nanging panggula wentah iku bisa ngowahi marang wewatekan mau.
Angen-angen nduweni : Urip, tandane :
bisa nuwuhake karep pepinginan lsp.
Rasa …… bungah, susah lsp.
Panguwasa …… ngereh marang si wadag, bisa nggagas mider-mider tekan ing ngendi-endi, lsp…………..
Uripe – Rasne – Panguwasane si Angen-angen iku kawengku dening Manungsa Sejati, dadi yen kaya mangkono dudu Angen-angen kang ngucap-ndeleng, ngrungokake, ngambu, ngrasakake …… nanging si Manungsa Sejati, dene si Angen-angen tetep dadi bekakas utawa tunggangan bae.
III. MANUNGSA SEJATI.
Manungsa Sejati iku tegese : manungsa kang satemen-temene ….. dadi dudu si wadag iki. Manungsa Sejati iku kena diarani Soroting Allah utawa : upama Allah iku geni kang gede, si Manungsa Sejati mau pletiking geni iku ….. upama segara kang jembar banget si Manungsa Sejati iku banyu satetes saka segara mau. Utawa maneh Moerih gampange : si Manungsa Sejati kena diarani : ngeja-wantahe …… mancungulu …… ngatone Allah ????
Mungguh manungsa sejati iku ana kang nom ana kang tuwa. Unda usuking nom tuwane mau marga saka oleh-olehane panggawe kang katindakake klawan tunggangan Angen-angen lan gedongan wadag iki. Pangerti lan kagunane tinemu sajrone nganggo bekakas rong warna mau.
Manungsa Sejati iku sangsaya tuwa, sangsaya adoh marang kadonyan. Mundak bening Angen-angene, mundak kasuciane, sangaja nyedaki baline marang Allah.
Uripe – Rasane – Panguwasane Manungsa Sejati iku kawengku dening Allah. Yen mangkono dudu si Manungsa Sejati kang ngucap – ndeleng – ngrungu – ngambu – ngrasakake …… nanging ora liya iya Allah piyambak.
IV. ALLAH (PANGERAN).
Mungguh kang aran Allah iku dudu Cipta – Nyut – Angen-angen – Roh – Napas – Wewayangan – Jeneng (aran) – Awang-uwung – Suwung – Urip, cekake dudu apa-apa.
Lah yen mangkono kang endi ? Apa ora ana ? Sarehne dudu apa-apa, iya ora kena kinaya ngapa, tegese : ora kena kinira-kira kapriye wujude, …… diumpamakna apa bae, iya mesti geseh, ……. Digolekana kongsi memet, iya tiwas-tuwas komet. ###
Kajaba sifat 20. Allah iku kagungan sifat : Jalal (Agung date), Jamal (Elok kaanane), Kahar (Wisesa Asmane, kabeh jeneng iku Asmane utawa, ora butuh marang Asma), Kamal (Sampurna Afngale – pangertine). ###
1. Alam wiwit kang alus banget, tekan kang kasar banget iku …. Asale saka Allah.
2. Malaekat – Dewa – Jin lsp iku asale saka Allah.
3. Manungsa – Kewan – Tetuwuhan – Pepelikan iku asale saka Allah.
4. Srengenge – Rembulan – Lintang-lintang – Bumi lan Langit iku asale saka Allah.
Yen mangkono tetela yen Allah iku Pokoking Urip – Rasa – Panguwasa, …… Pokoking kabeh.
“Inna lillahi wa inna ilaihi raji’un” (asal kita saka Allah ing tembe nakal kabalekake marang Allah).
“La khaula wala khauwata ila billahil aliyil aliem” (ora ana kang duwe dya kekuwatan kajaba pitulunganing Allah). ###
Nanging kowe aja kliru tampa, mbanjur nduweni panganggep, yen nggangsir, mbedel gedeg, mbandrek lemari, maling, ngapus-apusi …… sarta kabeh laku maksiyat iku wis kersaning Allah, dadi iya becik bae. Iya bener bisane tumindak mangkono mae kabeh klawan kekuwataning awak, diprentah dening Angen-angen, bisane prentah amarga saka Manungsa Sejati sarta Manungsa Sejati kapurba wasesa dening Allah ….. nanging elinga yen wadag lan Angen-angen iku pada nduweni karep lan watek dewe-dewe, …… mulane ora kena kaugemi yen kabeh iku wis karsaning Allah. Yen kaya mangkono bakal ora ana aturan apa-apa. Bersambung ...
Tidak ada komentar
Posting Komentar